Hari ketiga ujian praktek, mata pelajarannya Bahasa Jawa.Disuruh masrahin atau nerima pengantin yang mau ngantenan. Lumayan mendebarkan juga. Apalagi kalau maju terus lupa sama dialognya. Sumpah ,nyesek banget. Harus ngulangin lagi, maju didepan dengan pakaian serba versi adat Jawa. Pake beskap, jarik, blangkon dan macem-macemlah. Tapi seru abis, sesudah selesai langsung poto-poto satu kelas.
Mau tau dialognya ??
Ini dia.
Sugeng Enjang , para sesepuh, para
tamu kakung putri ingkang kula kurmati. Mugi kaliyan kula nyulihi sedherek kula
sepuh Kangmas Andre Pranata angaturaken waluyan paring pangandikanipun Bapak
Cahyono lumantar sedherek Benny.
Sedherek Benny (paraga ingkang
masrahaken) kapisan, kula ngaturaken sugeng rawuh panjenengan saestu ngetrepi
wanci ingkang prayogi.
Kaping kalih, salam taklimipun Bapak
Cahyono lumantar panjenengan, kula tampi akanthi suka rena, gembira marwata
suta. Mugi pangajap lan pandonga wau kaijabahan dening Gusti Ingkang Maha
Kuasa, ambahar kanugrahan, kawilujengane, dhumateng kula sakaluwarga,
sumarambah ing para tamu sedaya.
Kaping tiga, Bapak Cahyono lumantar
panjenengan maringaken putra jaleripun, calon penganten, nama Bagus Roshid
dening penganten putri Siti Marmawi sinartan peparing manekawarna, kula
sanget-sanget angaturaken genging panuwun. Sadaya kala wau kula tampi kanthi
suka renaning manah.
Salajengipun Bapak Cahyono sampun
kepareng paring kapitadosan dhumateng kula babagan kalampahanipun dhauping
penganten, ing mangke kula sendikani.
Senadyan punika, panjenengan sakanca
kula suwun lenggah prayogi ing palenggahan ingkan sampun kula cawisaken, suwene
ngiras pantes angastreni dhaupipun penganten. Dene wonten kiranging beja lan
krama kula anggen maringi gunging pangaksama.
Cekap semanten atur kula, mbobilih
wonten luputin wicara, kula nyuwun agunging samudra pangaksami.
Nuwun.
Komentar ini telah dihapus oleh administrator blog.
BalasHapus